Apa geguritan iku?
Geguritan manut kamus Baoesastra saka tembung “gurit” tegese tulisan, kidung. Semono uga manut kamus Kawi-Indonesia dijlentrehake “gurit” tegese coretan, ditulisake. Dene yen manut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) geguritan iku asale saka tembung “gurit” tegese sajak utawa syair. Retine geguritan yakuwi ngripta sastra wangun syair sing biasane dilagokake nganggo tembang (pupuh) sing nglangut (merdhu) banget. Ananging kanthi tambahing wektu, ngrembakane disalarasake karo kemajuwane jaman. Bab kasebut amarga saka perkembangane basa kanthi wektu kang lumaku, ndadekake gesehing kagunan geguritan. Geguritan saiki digunakake kanggo nyebutake puisi Jawa secara utuh. Puisi Jawa sing lumaku wektu saiki, kang luwih asipat bebas lan nduweni tipigrafi kang bebas.
Saka Wikipedia Jawa, bauwarna bebas abasa Jawa Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes lan endah. Geguritan asale saka tembung “gurit”, kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Dene geguritan ing kene, ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku:
- Cacahing gatrane ora tartamtu, nanging apese 4 gatra.
- Saben-saben sagatrane guru wilangan lan guru lagu padha wae, runtut mawa purwakanthi guru swara.
- Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara: “Sun anggegurit”.
Geguritan iku kalebu puisi Jawa modheren, amarga ora kaiket ing aturan kaya dene tembang Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Geguritan minangka karya kang sipate pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijine beda-beda. Angen-angen kang ana sajeroning pikirane pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepake panganggit. Kanthi mangkono, geguritan iku basane katon endah, bisa migunakake purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyane. Geguritan iku nduweni aji-aji utawa amanat kang bisa kapethik kanthi diparafrasakake dhisik. Marafrasakake geguritan iku ateges nganalisis utawa ngudari ukara-ukara geguritan iku supaya maksude bisa katangkep. Geguritan iku kawujud saka tema, pamilihane tembung uga nganggo sarana retorika lan majas. Sarana retorika lan majas paedahe kanggo gawe geguritan iku endah lan enak kawaka.
- Cekak ya iku ora wujud ukara sing nggladrah.
- Mentes ya iku tembunge duwe makna kang jero.
- Endah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
- Tembunge pilihan.
Komentar
Posting Komentar